Aku Butuh Dhuwit Nggo Tuku Modem

Aku nduwe cita-cita dadi pebisnis internet utawa isa diarani internet marketer. Nanging sayange nganti saiki aku rung nduwe koneksi internet dhewe. Aku sih ngemis-ngemis bandwidth ning papan sing nyedhiakke koneksi internet gratis.  Misale ning kampus, ning Markas Pakku, lan ning sekolahanku Biyen. Kuwi wae kadang ora bisa diandalke.

Supaya dadi internet marketer sing professional, aku butuh koneksi internet dhewe. Aku butuh modem HSDPA nggo konek internet. Koneksine nganggo Indosat M2. Enak yen isa ngenet ning kamar, kos. Ora perlu metu-metu. Isa luwih konsen nggarap sawah ning donya liya, kaya Pakdhe Sumitar kae, wis sepuh nanging isih semangat le nggarap sawah.

Nanging nganti saiki aku rung nduwe dhuwit nggo tuku modem kuwi. Mula kuwi aku kudu nggolek dhuwit kepriye carane, nanging halal. Mula kuwi aku melu kontes SEO sak donya karo kanca-kancaku cah Gladioolers. Dongakke lan dukung supaya bisa menang. carane gampang. Pasang link ning blogmu kanthi jeneng Busby SEO Test lan arahke ning http://umpcinfo.com/gladioolers. Conton ngene iki: Busby SEO Test

PS:

Iki aku ngetik meneh, gara-gara sing wis tak ketik mau ilang gara-gara judule tak ganti.. WordPress.com cen kere.

2 Responses to “Aku Butuh Dhuwit Nggo Tuku Modem”


  1. 1 masmintar February 27, 2009 at 4:15 pm

    Oh ngono to mas, semoga menang kontes, lan iso cari duit nggo tuku modem.

  2. 2 memanfaatkan April 8, 2009 at 4:11 am

    Amin pakdhe


Leave a Reply